Bungah-bungaha Sang Jinebadan Wus Cedhak

Minggu iki wis mlebu minggu kaping telu sajroning mangsa Advent. Ing minggu iki ana sing beda menawa awake dhewe padha niteni ana ing bojana ekaristi. Sing cetha lilin advent sing diurubake dina iki wernane jambon, semono uga kasula sing diagem para imam uga jambon. Mbokmenawa ora kabeh padha maspadakake bab iki. Nanging saktemene ing sajroning taun liturgi ya mung sepisan kuwi para imam ngagem kasula wernane jambon. Bab iki ana sambung rapete karo minggu kaping telu ing mangsa advent sing asring kasebut minggu Gaudete.

Yen awake dhewe ngeling-eling apa sing dingendikakake para imam ing homili dina iki, kacihna menawa awake dhewe diajak supaya bungah-bungah ing ati jalaran sang jinebadan wus cedhak. Sang Timur, sang Pamartaning donya enggal bakal rawuh ana ing satengah kita. Mula awake dhewe diajak cecawis kanthi mirunggan supaya bisa ketemu pantes nalika Sang Timur miyos. Apa sing kudu dicawisake? Bab iki dudu prekara sing angel, kabeh mau dumunung ana ing niyat pribadhine awake dhewe. Nalika ati lan kekerepan kuwi gumolong nyawiji nganyari urip nderek Gusti, mesthi kabeh bakal ngowahi urip kita.

Sabanjure kabeh ora bakal owel misungsungake apa sing didarbeni kagem Gusti. Mbokmenawa ana sing bakal misungsungake bandha, dana, wektu, tenaga, pikiran, utawa sawenehing kabisan kanggo ngudi mulya Dalem Gusti. Pancen kabeh kudu ditata supaya ora gawe gendra, amarga urip ing tengahing masarakat mono pancen kebak tatanan lan paugeran kang kudu diugemi. Niyat becik kang tuwuh ing ati kudu dijumbuhke klawan paugeran lan tatanan, saengga murakabi tumrap ing bebrayan agung. Mula sing perlu diupadi sepisanan kuwi ngupaya amrih duwe manah resik murni, adoh seka bab-bab kang nuwuhake regejegan, luwih becik meneh yen bisa uwal saka sakehing pepinginan gawe untunge pribadhi sarana pakaryan kang dilakoni, utawa gawe kahanan kang ora nentremake. Akeh conto ing tengahing masarakat kepara ing greja menawa urip bebarengan kuwi bakal ayem tentrem yen disengkuyung dening wong-wong kang duwe sikap lembah manah, andhap asor, welas asih marang pepadha, lan ngugemi jiwa sinatriya.

Kanggo nuju kahanan mau, ing saweneh pasamuwan suci minggu iki wiwit ngadani ibadat tobat kanggo nyawisake ati resik murni. Awake dhewe diajak supaya nggetuni kabeh luput lan kadosan sing wis kelakon, embuh sing disedya utawa sing tanpa sedya pribadhi gawe laraning ati pepadha. Awake dhewe beja, amarga Pasamuwan suci Katolik duwe tradhisi nampakake sakramen tobat kanthi mirunggan ing mangsa Advent iki supaya kabeh umat tinemu pantes atine resik murni nampa rawuh Dalem Gusti. Adate awake dhewe sok ora greget yen diajak ngaku dosa nampa sakramen tobat. Ana wae sing dadi alesane. Mula wektu iki becik dinggo refleksi, ngenam-enam pikiran lan nggoleki apa kang dadi kersa Dalem Gusti ana ing uripe awake dhewe. Sing cetha, awake dhewe iku tinitah ngemban timbalan amrih memuji sarta mulyakake asma Dalem Gusti sarana urip padinan, pakaryan, lan pasrawungan ing tengahing pepadha.

Sing kudu dicekel yakuwi, pamartobat mono ora mung ana ing ukara, nanging uga ana ing tindak tanduk padinan kang ngemot sipat-sipating manungsa kang berbudi bawa leksana paribasane. Ora kudu ngenteni yen wis dadi wong gedhe duwe drajat pangkat lagi ngegemi sipat-sipat luhur utama mau, nanging seka cilik kita duwe tanggung jawab marisake, ndidhik, lan nuwuhake ana ing para putra supaya ing tembe mburi pasamuwan suci dikebaki pribadhi-pribadhi kang ngugemi tata paugeraning urip masarakat uga ngegemi iman kapitayan kanthi bakuh. (ve)

Veronica Naning
Veronica Naning
Articles: 49

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *