Ngantu-antu Rawuh Dalem Gusti

Wektu iki wis mlebu ing mangsa Advent, malah kepara wis mlebu minggu kaping pindho. Rasane dina-dina lumaku kanthi cepet, ngerti-ngerti mengko riyaya wiyosan Dalem Gusti wis cedhak. Saktemene apa sing kudu dicawiske ana ing mangsa Advent iki?
Menawa awake dhewe tansah melu ilining reksa pastoral Greja KAS, ing wektu iki lagi tinalenan rembug babagan kulawarga sing bakuh lan pengkuh. Kulawarga Katolik sing diarep-arep bisa nyawiji lan dadi soko guruning masarakat amarga dadi tepa tuladha anggone urip bebrayan sing rukun, gapyak semanak marang tangga teparo, tresna marang kulawarga lan pepadhane, tanggap marang bot repoting liyan, lan sakpiturute. Nanging, kabeh mau saktemene mung siji sing dadi panjeraning rembug, yakuwi kepriye carane kulawarga katolik kuwi bisa mbangun brayat kanthi temata ing masa pandemi iki. Kabeh reroncening urip sing nalika semana wis dinam-nam lan digadhang-gadhang kaya-kaya ilang tanpa wekasan, amarga pandemi sing ora ana enteke iki.

Mula pancen perlu nata ati, nata ekonomi, nata dhiri, nata kahanan seka ing kulawargane dhewe-dhewe. Sapa sing tanggon lan bisa kuwat nyangga uripe, bot repoting dhirine dhewe mesthi bisa nyawiji karo ombyaking pasamuwan. Mula aja wedi rekasa, pancen kahanan lagi ora temata, akeh babagan ing urip iki sing durung bisa dilakoni kaya kang dadi pepinginane dhewe. seka perkara cilik-cilik ing kulawarga nganti prekara gedhe ing masarakat, kabeh ora uwal seka ombyaking jaman mangsa pandemi.

Nata ati lan dhiri pribadhi kanthi sregep reresik ati amrih resik murni tumusing batin, urip apa anane ora perlu ngilo marang kahanane wong liya. Kabeh mesthi duwe salibe dhewe-dhewe, nalika ana rasa meri, mangkel, ora seneng, lan serik kang ngreridhu apike enggal diuncalke adoh, supaya resik murning ati dadi bab sing kapundhi-pundhi. Nalika ati wus resik, celak Gusti, wening ing pikir lan temata ing batin murni, mula bab liyane bakal katon luwih cetha prekarane. Alon-alon kabeh dipetani supaya sing dadi prekara mau bisa diuculi taline lan bisa menehi owah-owahan kahanan luwih becik ing sakabehe. Mesthi wae kabeh mau butuh wektu, ora kaya suwe mijet wohing ranti, kabeh butuh usaha, butuh dana beya, nanging yen bisa disangga bebarengan ing bebrayan agung, utamane ing pasamuwan Katulik mesthi bakal luwih entheng. Ya merga kahanan kuwi uripe umat katulik disedya dadi luwih temata amarga paseduluran lan pasrawungane apik, nyawiji karo masarakat umum ing bebrayan agung.

Saiki bali ing bab ngenteni rawuh Dalem Gusti. Sang Timur kang bakal rawuh kuwi saktemene nedya rawuh ing atine dhewe, ora kanthi gumebyaring bandha donya nanging milih resik murning ati kang dadi papan anggen Dalem bakal sinewaka ing manah kita. Saiki pitakonane, apa awake dhewe wis rumangsa cukup lan sumadya anggone nampa rawuh Dalem kuwi? Banjur ing mangs apandemi iki apa kita wis bisa mbangun resik murnining ati minangka kahanan nyawisake rawuh Dalem Gusti? (ve)

Veronica Naning
Veronica Naning
Articles: 49

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *